Indonesia lan Jaman bubrah

Yen kathanding karo negara-negara Asia Tenggara liyane,Indonesia wis keri ana mburi.
Kamangko Indonesia kuwi negara kang gedhe,akeh sumber panguripan kan sumipen ana ing dharat lan segara.

Ananging kenyataane rakyat saya sengsoro uripe,apa amarga durung jemedhule “satriya paningit” kang bakal mimpin Indonesia?

Kamangko akeh pahlawan kang nggranggeh kamardikan Indonesia nora mung direwangi ilang bandha nangging direwangi ”sadumuk bathuk sanyari bumi” terus temu ing pati. Apa wis ilang sifat satriya ana ing dada para mudha?

Apamaneh,kapitalisme global wis nguwasani tatanan urip. Alam Indonesia dieksploitasi sakentek-enteke nganti padha asat. Uwong Indonesia amung ”dadi buruh anaing negara dewe”. Apa jaman wis bubrah..?

Akeh para pemimpin sing malah agawe rusake nagari kanthi korupsi, suap lan liyane. Amarga biyen anggone ”ngrebut” kursi yaa ngono,golek balen.

Tobat-tobat soto babat campur trasi,akeh pejabat sing saya nekad saya kedanan kursi.
Lhadalah,tobil-tobil anak kadhal ngoyak anak cecak,negarane dadal yen akeh sing sawiyah-wiyah.
Wong cilik sing biyen lungguh dhingklik,oglak-aglik saya mendelik mak bejajik dadi wong sugih sing nora gelem agawe apike negari.

Sabar… sabar… sabar…

Tinggalkan komentar